MUNYUUUUKKK!!!!

Nostalgia SMA Kita

07 November, 2008

Enaknya Bolos sekelas

Tanggal.... wah kapan yo? lali aku.
Pokokmen pas hari guru! pas kelas 3 SMA tahun 1997/1998, sing sakjane kon do melbu sekolah setengah hari.... eehhh.. malah sak kelas do piknik neng Pantai TRISIK! Mending yen mik kelase IPS 3 thok... lhah iki ndadak ngajak kelas liyo! gek yo kelas liyo ki kok yo gelem-geleme ngono lhoh! wahjan!
Ping loro cah-cah IPS 3 do dolan nok Trisik. Pertama (sik potone mbladush) kui sik pas mbolos. Sik ke loro.... wah lali aku! koyone pas tahun baru 2000. Soale menyambut aku kelingane menyambut millenium trus turut ndalan tekan Jogja do bengak bengok "SLAMAT TAUN BARU!" isuk-isuk mruput ra duwe isin!
Neng Pantai Trisik iki podo nginep nok gone mbahne Ike Kusumawati alias Dhenok!

Eh.. iki arep dipoto! ayok gek ndang nggaya!
Wahjan ojo dijorok-jorokne tho! kae kamerane ki sebelah kono...
Sik sebelah kene mau ncen Blitz... ning kuwi jebhul untune Rembhol!!Nhaaa... ngene ki lak malah kepenak le poto.
lha rak tenan do kethok irunge tho!
Krupuk kui tekan saki durung sadar lho yen wis dipoto!Wah gayane ki do biasa!
ngene ki lho koyo aku!
Gaya udhoooo!!! walopun mik balung thok, sik penting udhoooo!!
Mendreng... wedok dewe! mripate ditutupi! ndak timbilen!
Ora.. ora.. aku ra ndelok kok.. mik ngindik!Mbangane do nggaya ngono kui mbok do ngrewangi aku mangsak cah!
Rapopo.. ra direwangi Ghon... ki sing cewek-cewek tetep mringis kok.. hhiiiiii...
Wah rupane ki ijik do klasik-klasik yoh!Wah.. hooh... malah do poto-poto ora ngrewangi.
Fajar gosong ki le ngumbahi piring nganti rupane tambah gosong! mbok rupamu kui sisan di isahi ben rodo bagus sithiiikkk ae!EALAAAHHH... iki lehku mangsak nganti wengi iki. Le kepet-kepet nganti tanganku ngethok-ngethok!...
Ngomong-ngomong koyone sik ra klamben kui enak yen dibumboni yoh? balunge kriuk-kriuk!Masak terus marai bosen.. mejeng sik yuk!!!
ki cewe-cewe do mejeng dengan wajah klasiknya.
Seko kono-mrene:
Eta "Tejo", Ike (ketutupan termos), Veni (curex), Hayu (Tini), Mak Nyak, ESti, Mimi.Ki masak ae yo karo yank-yank an lho.
Obat nyamuke jupri ro bagus!
apik tho obat nyamuke iso nganggo kocomoto!Masak kok malah ditinggal yank-yank an! Whuuuu....!
Panganane do gosonk kabueh kui!!
Wis.. awakdewe mangan roti ae yok!
Pess... kowe ora gawe roti po?
Orak.. aku nggaya ae nok kamera wis wareg kok!
Bar madang, bengi-bengi nonton tipi.
Kui nonton tipi po ngopo tho? kok ono sik nangkring koyo munyuk!

Wah... ayok pit-pitan!!!
ning kok blawur! Rupane do eneng telu ngantian!
Mbok rupane ki ditinggal neng ngomah! mosok telu telune digowo!

Wah... do pit-pitan kok awak dewe ra dijak yoh?
wah sedih aku yen ngene ki!

Ayoooo... poto-potoan meneh!
Wahjan... wong ndeso-ndeso do ratau dipotrek!

Yo ngene ki yen do ratau dipotrek.
Le nggaya do wagu-wagu!
Lhaaa... ngene ki lak nggenah! ning kok le motrek ndadak neng njobo pager yoh?



BTW:
Ki mau jareneneng pantai Trisik. LHA PANTAINE NDI??!!!

Tidak ada komentar: