MUNYUUUUKKK!!!!

Nostalgia SMA Kita

28 Juli, 2009

Perkenalken, nama saya Tya


Hallo... nama saya Tya,

"aku wingi ra sengojo nemu blog iki. Wingi kan aku bar nangis, mbareng maca blog iki aku ngguyu kepingkel-pingkel. ha3 terima kasih buat musho yg udh bikin aku tertawa terbahak-bahak."
(ucapan Tya, di Cocote Box, 26 Jun 09, 09:16)

Aku dari Purworejo.
Umur saya... ehmmmm.... mmmm... lupa...
sekarang saya.... mmmmm... lupa.....

Pokoknya, saya suka deh baca-baca blog ini.
ceritanya lucu-lucu!
Katrok!
Orangnya ndeso-ndeso...
wissjan ra nguati!
Rupane do ra mbejajik kabueh!
Mosok ono wong jenenge Kodhok... trus, bodhonk!... ono Musho... Bendhol!
Jampess... Krupuk.. Peyek...
Jeneng kok elik-wuelik.
Wagu tenan! Karo jenenge pitikku ae apik pitikku.Ki potoku liyane.
lhoo... podho tho posene!
Aku ra iso pose jhe.
Wahjan.... rupaku mirip tenan ro budhe Dias ya.
Budhe ki senengane tiru-tiru rupaku!!!

Tapi saya naksir sama Om Kodok, karena mirip vokalisnya The Rain.
Oom Kodoooookkkk..... Aku padamu!
The RAINKodok "the Rain"


***

Hehehe....
Cah, iki lho jebhul sik nganggo jeneng Tya neng Cocote Box.
Dadi kui dudu palsu, ning ono tenanan.

Ning aku dhewe kok ra percoyo ya!
Soale, bareng ndhelok potone, patut dicurigai yen kui ki si DIAS!!!
Coba dimatne sik temenan!!!
Mari kita buktikan kebenarannya.
Pak Jaksa, silakan diperiksa!

27 Juli, 2009

Mantenane Musho (ngundhuh neng Jogja)

Musho akhire nikah hehehe....
undangane wae liwat internet. Yomik kui, do gaptek kanca-kancane do ra tau krungu internet. dadine telat le reti. Wisssjan! Koyone ki sekolahe neng kutho, Muhammadiyah 2, internet kok di dadarani merek sandal jepit! ck...ck...ck...

Acarane rame, panggone neng Jogja Fish Market (mburi omahe Jampess). Le motrek, modele nganggo candid, dadi jarang sik dipotrek koyo neng manten-manten biasane. Paling ki potone kethok mburine, po ketok pipine, po malah ra ketok blabar blas!

Makane, yen gawe pose ki koyo biworo kui lho! Akeh dhewe ketoke!
Jupri ae sik nggone neng pelosok Wates ae teko karo anak bojone kui.
Wissjan, serasi temen. Anake wedok njaluk gendong kemana-mana.
Enak tho! Manteb tho! Hayoooo... tak gendoong! Ai lof yu full!!!
Artis seko Cino ono.. kui Cho Yun Fa
Eh... salah dink... kui bojone Woro. hehehehe....
Lho tho...
lak tenan...
pose koyo biworo ki malah kethok terus.
Ki lagi berduaan bersama sang suami. Jarene anake ditinggal neng ngomah.
ck...ck...ck... pak-mbokne madang-madang, anake kon jogo omah!
wkwkwkwkwkwk....
Wah... wis rampung le berduaan.
Maem sik yuk Kang...
(wogh, panggilan sayange woro neng bojone ki "kang"!)

Kae Wasusu kethok neng pojokan ro bojone.
Wis, mojooook ae wong loro kui.
Hayoooo... ono sik reti ra kui sopo?
IHWAN!!! Alias KLOWOR!
Masih tetap dengan gayanya.
Musho ae sakjane meh lali,
Nhaaa... ki sik paling adhuoh yo teko.
Si Bendhol ro calone (Aida), karo Gogon ro bojone (Galih).


Sakjane isih ono sik Rembol. Ning Rembol selak kesusu muleh. Kompore rung dipateni jarene. Karo bebeke lali rung didusi. Dadi deknen kesusu muleh rep ngedusi bebeke sing cacahe limolas!