MUNYUUUUKKK!!!!

Nostalgia SMA Kita

03 Desember, 2008

MADHANG BERSAMA


Iki cah... critane do madhang.
Kok mik wong telu?
Salahe dijag do ragelem. Padhal wis di SMS, ditelpun, di imel, di dodok omahe, di balang jendelone malah tetep do ra teko. Yowis akhire sik ngumpul mik wong telu. Si Bodhong, Si Kodok ro si Musho!


Rekane ki do ketemuan. Mumpung si bodong neng jakarta. Bodonk janjian ro Musho ketemu neng Pasar Tanah Abang. Pas kae dino Minggu po sebtu yoh? lali aku. Pokokmen dino prei. Tanggale ae lali. Wahjan. Wis le nggoleki angel... mbareng ketemu mik..... SALAMAN!
mbok menehi po ijol ijolan duit ngono po piye! malah mik salaman!

Howone Jakarta poooouuwwwaanaaassseee puooolll!!! Jan koyo NEROKO di goreng tenan! Gek si Musho gowo helem e mik siji! Yowis, si bodonk njut ra heleman. Ben kepanasen, ndhase umob kemuthuk!
Mampir neng SARINAH. Wah koyo jeneng majalah jaman simboke dhewe yoh! Lha piye, neng kono ndadak ngliwati lampu bangjo. angane dicekel hongib, yo bodonk mudun sik trus nyabrang dewe.... sakne tenan... mlaku! Jaksa jhe mlaku! wkwkwkwkwkwkwk.... Lha si Musho malah numpak montor!
Wis janjian neng ngarep Starbucks... eh malah bodonk mlebu neng gedung liyo. Asyem tenan! Malah blonjo CD... mbok golek bajagane dhonk! mik limangewu! Lha tuku CD ae 175 ewu... kui dudu CD Dhonk... ning rampok!
Wis bar ngono trus Musho ro Bodhonk madhang neng lantai ngisor. Rodo nggumun juga sih, soale wong loro kui pancene ndheso-ndheso... gumun nonton warung neng ngisor gedung! Gek panganane ae jenenge aneh-aneh... Wis ben ae... ben seneng-seneng. Sik penting wareg!

Lha terus neng kos e musho. Mau soale wis janjian ro kodok arepe ketemuan neng kos e musho jam 2 an. Wis jam 2 kok Kodok rung teko-teko. Saben di telpun "Sik, iki wis neng ngarep UI!" Padhal ngarep UI ki mik cedhak byat, mosok ditunggu setangah jam rung tekan-tekan. Mbareng ditelpun meneh "Sik, iki jik neng Kampung Melayu" WOALAAH... WEDHUS!!!! Mau neng ngarep UI kok dadi neng kampung melayu! Untung bodonk wonge ki gampang diapusi. Lha muso sik wis rodo reti yo misuh-misuh. Akhire bodonk mulih. SOale wis digoleki bojone kon ndang balik neng hotel.... Ora oleh dolan tekan sore. Wis wektune pakpunk jarene.

Sesuke....

Kodok teko neng kos e musho jam 10 an. Gowo klengkeng, jeruk ro apel okeh banget. Malah buah2ane kui mau ditinggal kos e musho, lhaaa.... kesenengen musho! Mangan buah nganti kemlekeren!
Trus mangkat neng Blok M. Soale arepe janjian dolan mrono ro Bodonk.
Wis tekan kono, jebhul parkirane do adhoh-adhoh.... WEALAAAHHH... karang yo wong ndheso-ndheso sobo kutho nJakarta.. malah geblasuk-balsuk. Gek le ketemu Bodonk we ndadak nganggo ndelik neng pojokan trus ngageti bodonk. Sik dikageti malah ra kaget, mik pringas-pringis koyo thuyul ucul!!!

Lha neng kono Kodok lagi ngaku yen deknen ki wingi pas ditelpun ki ijik neng ngomah. Deknen ra percoyo yen bodonk ki wes neng kos e musho! WOALAAAHHH... BOCAH GEMBLUNG!!! Tiwas dienteni malah ra teko.... WIS... CUKUP SAKMENE AE LE KEKANCAN!!!!

Lha wis ketemu tho... trus nonton pilem. Lha kodok wis ngidham nonton pilem sik judule "AUSTRALIA", ono bintang pileme ayu jarene. Lha kui sik nraktir kodok... wah, koyone wingi kodok dipoto bodonk pas tuku tiket. Ning potone kok raeneng yoh?
Lha nunggu pileme diputer, trus do madang kui.... Pokokmen Kodok si juragan buah sik dadi boss e... mbayari kabeh.

Gek pas mlaku-mlaku, iso-isone si Bodonk berbaik sangka karo cewek.
"Dhok, Sho, kae kit mau ceweke ndeloki aku ae lho!"
"Ndi Dhonk?
"Hooh ndhi? kok kowe GR men!"
"Kae lho nyuk, sik kaos kuning rambute dikucir!"
"Yowis kono jejerono, yen deknen ngesir jak en kenalan!"
"Wegah, aku wis duwe bojo! kowe wae Dhok!"
"Lha bojoku dikekne ndi?"
"Kondone kowe wis bosen?!"
"Mbahmu FPI!"

Lha pas do madang kui... eee.. lha kok ceweke sik ditunjuk bodonk mau yo melu maem. Lungguhe meh jejeran meneh. Malah do raono sik wani kenalan! Opo meneh musho!!! AKhire malah mik do glenak glenik dhewe karo berkhayal!
"Dhok, ngko pas mbayar... wani ra karo ngomong; mas, sekalian bayar yang meja mbak itu ya!"
"Wkwkwkwkwkwk.... koyo mafia!"
"Wani ra!"
"Kiro-kiro mbak e kui terus piye yoh?"
"Terus seneng po senep yoh?"
"Paling terus ngidoni kowe dhong! karo nngomong; pelecehan! dikira saya ndak mampu bayar ya!"
"Hooh.. karo ngomong ngono kui ning logate medhog tegal!"

Wis... pokokmen obrolane suwiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii banget. Trus akhire nonton pilem.

Pileme suwiii banget yokan. Nganti Kodok sik pingin nonto Nikol Kidmen ae trus turu! Bodhong yo kit mau bekah bekuh film e ra rampung-rampung. SI Musho wis kesereten pop corn!!


Wah... kesel aku le ngetik.... sakjane critone ijik akeh. Ning drijiku rasane meh do pithil-pithil. Wis ah.. keju jhe...