MUNYUUUUKKK!!!!

Nostalgia SMA Kita

06 Agustus, 2008

Indahnya SMA

Hehehehe....
Wahjan, SMA ki pancen nyenengke tenan! Nandangi opo-opo orasah nganggo mikir, pokokmen seneng! Buktine, mbolos kok sak kelas do dolan neng pantai Trisik! Nginep meneh!
Cah... iki poto kiriman seko Bendhol...

Bendhol le nyecan miring-miring, ora sah dibenerke.. selak arep ngguyu bareng kowe-kowe kabeh! Nonton rupamu! Nonton kelakuanmu! Yo bener, guru sik paling gwooouuulaakkkk sak Moeha ae iso nganti nangis yen mlebu kelase dhewe!
Okeh-okehe iki pas jaman kelas telu karo sebagian wis lulus kuliah. Ono sik pas bagian kelas I G / II G... mengko yen urutane salah yo dibenerke!
Kelas G dab! Kelas IPS 3! Jarene kelas buangan lho!!!
Sak umur urip ra bakal nyesel mlebu kelas buangan iki!!! Mbok tulisane "BUANGAN" nganggo huruf gwuedhi!!! Yen perlu mbaleni meneh yok!!!!

Bersyukurlah kita punya masa SMA dan teman-teman yang menyenangkan!!!

Seko mburi: Tompling ngekep Bendhol, Kodhok, Gosonk ro Rembol (Mrongos/Kopet/Kamsie)
Rupane ki isih do imut-imut. Ning ki kok yo mojok rame-rame!
Kui sik Tompling neng ndi yo saiki? Utange neng Wasusu wis bali rung kui?! Sopo sik iso nagih oleh dinggo mangan-mangan jhe!
Ruang Komputer (lantai 3 sayap Barat)
Ekstrakurikuler khusus komputer saben sore jam telu!
Komputere wae isih durung ono mouse e! Jadhul tenan
Mad, kowe wis tau ngrikiti komputer po? Kok iso muni "Sedaaappp...!
Isih neng ruang komputer, Koyone pas kelas 2 G.
Rupane Wasusu ae jik koyo Nobita! Wis jan koyo kakang adi ro Rembol!
Puk.. Krupuk... Sadar Puk!
Cah sik butuh rong ndino dinggo nge-donk ne iki ternyata tanggap yen dipoto!
Kodok (ketutupan), Gosonk, Penampakan, Mendrenk (maem permen), Cici, Krupuk, Rembol, Tompling (koyo pasien rawat inap mergo loro cacingen yoh!)
Naaa... ki wis kelas telu iki!
Soale benderane wis EXIST!
Kui bendera le nggawe penuh perjuangan, direwangi mangan kembulan ro pororkonco lawuh bensin jhe! Malah dinggo mesum wong telu!
(Bendhol, Bodhong, Jampess)
Ndhol, kamarmu sik kui isih ora Ndhol?
Yen isih dilaminating wae! Dinggo kenang-kenangan!Tamasya (Kelas II munggah kelas III)
Imron (kelas liyo), Rembol, Rahmadi, (kui sopo jejere Rahmadi? penunggu kawah gunung po yo?), Musho karo Kukuh.
Heh.. kui Pak Mahfud dikancani! Malah dicueki ditinggal poto-potoan! Guru agama jhe di cueki! Kuwalat kwoe kabeh mengko!
Men... cemplungne kawah!
Tamasya...
Wasusu, Gosonk, Kukuh, LowDjon, Irian
Rahmadi, Dhewo, Rembol, Musho.
Heh.. kae mburi kae yen pingin dipoto melu ae! Ora sah ngindhak-ngindhik, mengko ndak timbilen!Lha... iki, cah mbeling-mbeling!
Kelas III IPS 3....
Mbolos kok sak kelas! Lanang wedhog raono sik sisa!
Iki neng mburi omahe mbahne Ike... Liyane malah do nonton tipi neng ngarepan!
Ayok mrene doan! Ngrewangi mangsak! Ojo mik iso ngemplok thok!

===========

Wis lulus SMA!

Wis do wani gondrong! Rambute disemir! Pokokmen raono si Joker sik ngawasi rambu gondrong! Cah... iki pas arep neng ndi jhe? Yen ra arep mangkat neng Trisik meneh yo neng Batu Raden yo?
Kodok, Teponk, Boghel, Goghon, Musho, Rova (kelas liyo), Bendhol, Bodhong, Bibir, Rahmadi, Jampess.
Neng ngarep omahe Bendhol!Neng Trisik meneh, Wis lulus SMA! Taun barunan iki!
Heh... yen dipoto ki ora pringas-pringis! Potone ijik manual jhe...
Sikik tak putere sikik! Ojo do nggaya sik!
siji.... lorooo... teeelll.....

Bar, taun baruan.
Isuk-isuk mruput bali neng Jogja!

Bali mampir omahe Boghel!
Ning kok isih tutupan!
Ghel... Bogheellll!! Bukakne lawang Ghelll... ki cah-cah selak arep mangan kathulmu!
(Cah... lali po doan! omahe Boghel ki sebrang ndalan! Kui omahe sopo jal!... wooo jian!)


Bar lulus SMA isih do ketemuan!
WHITE BLUERS!
Tim balbalan. Ojo lali dolanan balbalan saben minggu isuk jam pitu yoh!!
Panggonane yen ora neng Lapangan Gorongan (cedak UPN) yo lapangan Maguwo cedak Instiper (Saiki stadion Maguwo)
Kegiatan koyo ngene ki nganti taun 2000... bar kui do ilang siji-siji. Mergo tangane Bendhol patah tulang... hiiiiiiiii



3 komentar:

Anonim mengatakan...

mbendol buka arsip lawase. tapi luar biasa iki iso dicritake marang anak cucu. wah terus terang aku dadi trenyuk kelingan karo konco2 kabeh.thanks tuhan telah beri kami teman2 luar biasa.amien

Anonim mengatakan...

Wah.. sakne tenan! Kok malah trenyuh!
Lha aku malah seneng jhe!

Lha nyenengke!

Kok trenyuh!

pothok mengatakan...

aq yo seneng ki masa2 SMA...teniinn..suerr..berkesan bgt...konco2 kuliahku je ra koyo kowe2 kabeh jee..ajaib kok kalian ki cah..
I LOVE YOU FUUUULLLLLL.... :D